Jumat, 20 Februari 2015

PELURU KENDALI

Pemirsa, panjenengan kabeh nate maos utowo mireng critone wong kang wuto (buta) trus dijaluki pinemune bab gajah..?
Mesti ono sing jawab wis ngerti, ono sing wis ngerti tapi lali ono ugo sing durung (sok teu ya, hehe….)
Demi kesejahteraan bersama….(kakean nonton keluarga somad) ora ono olone tak tulis supoyo sing wis ngerti tambah apal, sing lali dadi eling lan sing durung ngerti dadi ngerti lan sing luwih penting iso njupuk hikmahe lan pesen kang ono ing sajroning crito mau..
Iki versiku nanging insyaAlloh wos e (inti) crito podo.
Ono ing sawijining deso ono nom-noman telu kang katelune wuto. Sawijining dino deso mau kaliwatan rojo lan pasukane kondor soko paperangan. Kabeh poro rakyat ono ing deso mau podo nyambut kanti suko renaning ati amergo rojo lan pasukane menang ono ing paperangan.
Kamenangan mau sebab kapinteranae rojo ngatur strategi perang ugo trampil lan digdoyone poro prajurit ono ing medan perang.
Ing sela-selane suworo wong kang podo ngagungake rojo lan prajurite, ono saperangan wong kang muji gajah titihane (tumpakan) rojo
"Gagah tenan yo kang ndoro raja kae… opo meneh nitih gajah kang gede dhuwur sansoyo nambahi  perbawane ndoro raja”
Kang diajak guneman mangsuli
”Iyo dhi…. Malah jare kamenangan paperangane ndoro rojo iku salah sawijine yo amergo tandang gawene gajah tunggangan ndoro rojo mau kang ngedab-edabi.
Cekak cerito guneman mau keprungu nom-noman 3 kang wuto sing ono ing kono, amergo penasaran gajah kuwi koyo opo, nom-noman 3 mau banjur njaluk ijin marang rojo supoyo di keparengake ndumuk gajah mau. Rojo mau ngeparengake nom-noman 3 mau ndumuk gajah tunggangane ndoro rojo kanti syarat sedelok wae amergo ndoro rojo kudu enggal kondor tumuju kerajaan.
Akhire nom-noman telu mau khasil ndumuk gajah, ananging amergo mung sedelok katelune mung iso ndumuk perangane gajah.
Sing nomer 1 khasil ndumuk kupinge, sing nomer 2 khasil ndumuk sikile lan sing nomer 3 khasil ndumuk gadinge.
Sedino sawuse iku nom-noman 3 mau podho rembugkan masalah gajahe rojo.
“ Wah kang…. jebul gajah iku ombo koyo tampah yo…koyo ngono kok iso ndadekake menang paperangan yo…?
“ Ngawur kowe ki dhi…. gajah iku bunder dowo koyo pring pethung, aku yakin gajah mau digunakake ndoro rojo kanggo nggebuki musuhe mulo iso menang…”
“ Lhah kuwi sanyoyo ngawur…. ngene yo kang… dhi… menurutku gajah kuwi dowo lan lancip mulo ndoro rojo iso menang perang, amergo mungsuhe dicubles ngangggo gajah trus dienggok-enggokke, cobo bayangno opo ora perih… (haha…)
Yo ngono iku gambarane wong kang ilmune sitik ananging wani nyimpulake miturut deweke dewe, opo meneh isih ditambahai nganggo ilmu perngeyelan hehe….

Crito kang mirip-mirip….. (serupa tapi tak sama)

To the point, naliko aku dugem ono ing pos ronda mbuh piye kawitane konco-koncoku dugem podo micoro bab perang
“perang saiki ngono penak yo lek nganggo bedil, yen keno pluru ndase langsung mati bedo perang jaman mbiyen nganggone keris, bayangno yen ketubles keris matine kan suwe, opo meneh yen sing nyubles karo dinggo dolanan disik, dicubles trus dienggok-enggokke piye jal perasaanmu…haha…”
“Iyo pancen enak perang jaman saiki opo meneh nganggo peluru kendali soko adoh peluru ditembakke wis iso ngoyak target tembak…!!!
“Mosok tow lik…?”
“Kandyani kok…peluru kendali ki ono wesi branine…(magnet.. red) dadi nak perang ojo nganggo barang sing wujud wesi koyo jam tangan utowo HP, yen nganti nggowo…mbok nganti tekan WC kowe ngumpet, peluru kendali iso nututi”
“Mosok tow lek….?”
“Kandyani kok ngeyel…!!!”
hahahaha........kemekelen aku pemirsa

Kwi pemirsa ojo ngeyel nak dikandani ki….hahaha…….

Rabu, 18 Februari 2015

TELO OPO POHONG

Tau weruh iklan TV “KETIK REG spasi JENENG”…? senadyan saiki wis ora tayang meneh nanging mesti isih podo kelingan, mbok menowo malah ono sing tau ngirim hayoo……. haha…
Utowo ramalan miturut Zodiac, Sio, Weton, lan sak piturute kang ono majalah, Koran utowo media elektronik (TV, radio utowo internet). Kabeh mau mung karangane manungso, ojo pisan-pisan percoyo amargo biso ndadekake musrik, ngrusak akidah.
Nek mung gawe ramalan aku wae yo iso pemirsa......
Ayo di delok bareng-bareng pemirsa.....
Ramalan gaweanku kanggo milah-milah/mengkatagorikan sifate konco-koncomu, di delok soko hobi mangane, seneng TELO opo POHONG.
Deskripsine ngene:

TELO :
TELO iku rasane manes (legi) dadi akeh sing seneng, ananging yen diolah dadi panganan cita rasa ke TELO annya (piye jal :D) angel ilange. Digodog, digoreng, digawe Timus, di gawe ngisi Bakpia Patok, di gawe kripik rasane tetep podo ora ninggal roso khas e TELO yoiku manes (legi).
Artine wong sing seneng mangan TELO iku biasane wonge :
1.Budi pekertine manes, sesuai karo rasane TELO
2.Konsisten/Teguh Pendirian, nadyan digawe model opo wae tetep roso TELO
3.Setia, ora gampang ganti roso TELO yo TELO
4.Kelemahane, monoton, angel MOVE ON (halah….hehe..), kurang kreatif podo karo TELO, digodog legi, digoreng legi, dadi timus legi Digawe kolak yo legi.

POHONG
Pohong iku citarasa dasare gurih, roso gurih iku yo akeh sing seneng. Soko gurih iku Yen diolah dadi panganan citarasa asli pohong e ora patio ketok, bandingno antarane phong digodog karo digoreng mesti adoh banget rasane, digawe getuk, digawe kripik, digawe criping, digawe gaplek, digawe mentho,digawe kolak kabeh citarasane bedo-bedo. Pohong ugo gampang digathuki karo panganan liyo,

Artine wong sing seneng mangan POHONG iku biasane wonge :
1.Luwes/gampang kekancan, koyo roso gurihe POHONG akeh wong kang seneng
2.Kreatif akeh akale, koyo POHONG kang iso diolah dadi macem-macem panganan kanti citarasa kang bedo2
3.Tukang lobi kang handal, koyo POHONG kang mathuk di pangan karo panganan liyo, diparut dikepeli karo kacang dadi mentho kacang, digoreng karo gulo dadi combro lan liya-liyane.
4.Kelemahane, pendiriane kadang gampang goyah, ora patik setiya, gampang jelehan, unine ra iso dicekel (mencla mencle) hhahaha…..

Dadi yen pingin ngerti sifate koncomu,yen dolan ning omahmu suguhono TELO karo POHONG
Yen milih TELO berarti koyo diskripsine TELO
Yen milih POHONG koyo diskripsine POHONG.
Nanging yen milih loro-lorone tur leh mangan nganti entek, kwi jenenge koncomu kengelihen utowo pancen koncomu kwi dlembo/kemaruk (boso inggrise HOLOT haha…..)

“KULUU WASROBUU WALAATUSRIFUU INNALLOHA LAA YUKHIBBUL MUSRIFIIN” (Makanlah dan minumlah dan jangan berlebihan, sesungguhnya Allah tidak menyukai orang-orang yang berlebihan).
Pilih endi…? “TELO OPO POHONG”

“OJO PERCOYO RAMALAN”

SYUKUR EDISI "KACANG BAWANG"


Esuk-esuk naliko sarapan, karo ngguya-ngguyu sajak ngece bojoku takon...

Bojoku : mangan tahu kok hial-hiul, ora tedas po mas?

Aku : iki lho aku njajal mangan nganggo untu sebelah tengen mumpung sing d pangan empuk hehe..
   
         Perlu panjenengan mangerteni pemirsa menowo untuku sebelah tengen wis krowok  mulo aku yen mangan mesti nganggo sebelah kiri.

Bubar sarapan trus adus mergo rencana arep legalisir akte ning Boyolali.
Cekak cerita tekan boyolali rampung legalisir mampir pasar Boyolali golek komponen elektro, apes seng di goleki ra ono, kroso ngelih mampir tuku kupat tahu, sakretiku kupat tahu ki khas magelang jebule boyolali yo ono, (komposisi kupat tahu : kupat ,tahu,kol, kacang bawang, kuah manis)
let 5 menit ono pasangan simbah-simbah mlebu (katon pasangan romantis haha...) nembung kupat tahu.
Bedo karo pas ngedoli aku mau, naliko ngedoli aku sing bakul langsung nyiapke kupat tahune, nanging kok naliko ngedoli pasangan romantis mau sing dodol kok nganggo takon..
"ngangge kacang bawang nopo mboten mbah?"
kompak pasangan romantis mau jawab "Mboten" , Sing dodol njur ngguyu..
Aku mikir sing di guyu opo...
Oo.... iyo nek simbah mau nganggo kacang bawang palin mung di mut wae, hial-hiul ngiwo nengen ra entek-entek haha.....
Alhamdulillah ijek iso tuku kupat tahu bumbu komplit termasuk "KACANG BAWANG" e
"Eeling Suk Bakale Tuwo"