Rabu, 01 April 2015

RADIO PENERIMA (RECEIVER) KRISTAL

Sahabat posting saya kali ini beda dengan posting saya sebelumnya, kali ini bermateri tentang elektronika dan menggunakan Bahasa Indonesia hehe...kali ini saya akan membahas tetang sebuah rangkaian elektronika yang sangat saya kagumi rangkaiannya namun sampai detik ini saya belum sempat mencoba membuatnya. rangkaian yang saya maksud adalah rangkaian radio  penerima (receiver) kristal.

Kenapa saya kagum, karena rangkaian ini tidak memerlukan catu daya untuk mengoperasikannya dan hanya butuh beberapa komponen untuk merangkaianya.berikut adalah gambar rangkaiannya
Komponen 02
Daftar komponen :
L        : kawat email 0,3 -1 mm panjang 15 m, dililit pada koker (bisa membuat sendiri dari kertas yang
            digulung diameter kurang lebih 8-10 cm
C       : Kapasitor Variabel / VARCO AM
D       : Dioda detektor 1N60
Head Phone berimpedansi tinggi, komponen ini yang sekarang susah dicari sahabat.

Berikut langkah merangkainya
  1. Membuat koil dengan menggulung rapi kawat email ke koker kurang lebih 75-80 lilit. Usahakan dililit rapi, satu dengan lain rapat. Jangan lupa sisakan beberapa centi untuk sambungan.
  2. Rangkai komponen lilitan koil yang sudah jadi dengan varco dan diode seperti skema di atas. Untuk varco hubungkan kaki tengah ke ground dan yang kanan atau kiri ke koil.
  3. Pasang komponen ke antena.
  4. Pasang komponen ke ground.
  5. Pasang earphone ke telinga dan putar-putar varco.
  6. Jika tidak terdengar suara apapun periksa kembali sambungan, antena, dan ground-nya.
  7. Jika semuanya terpasang baik maka akan terdengar suara siaran radio yang dekat denganmu!
  8. Untuk hasil lebih baik gunakan antena yang lebih tinggi.
Cara kerja dari rangkaian ini adalah sebagai berikut
Antena menangkap gelombang elektromagnetik yang telah ditumpangi sinyal suara yang berasal dari pemancar, dari antena kemudian masuk ke komponen lilitan dan varco disitulah terjadinya osilasi. dioda detektor 1N60 berfungsi untuk menyaring/mendeteksi sinyal audio hasil osilasi yang masih bercampur dengan sinyal pembawanya, sinyal pembawa di blok sedangkan sinyal audionya diteruskan. Kemudian sinyal audio diteruskan ke headphone impedansi tinggi sehingga bisa kita dengarkan. untuk mencari siaran yang diinginkan dapat dilakukan dengan memutar varco.

seperti yang sudah saya sampaikan sahabat, bahwa untuk headphone berimpedansi tinggi sekarangt ini susah ditemukan sehingga untuk mendapatkan radio receiver yang free energi susah terwujud. namun jika ingin bereksperimen saja, untuk mengetahui keberhasilannya bisa ditambah rangkaian penguat / audio amplifier setelah dioda detekter 1N60, yang tentunya tersebt butuh catu daya.

SELAMAT MENCOBA

Jumat, 27 Maret 2015

PUTIH LOREK IRENG OPO IRENG LOREK PUTIH


Pitakonan mau tuwuh ono ing fikiranku naliko aku dolan-dolan (piknik) menyang Jogja pemirsa.

Jare ora tau piknik lek…….?

 Maaf mas…mbak….wektu kuwi aku khilaf  haha….iso piknik amergo khilaf….

Jan-jane acarane ora mung piknik ananging acara halal bihalal keluarga besar SMK N 1 Bancak. Naliko kuwi acara digelar ono ing kebon binatang Gembira Loka.

Sawuse acara bubar sabanjure diteruske piknik keliling Gembira Loka nonton satwa kang ono ing kono, wiwit seko gajah, jerapah, onta, nganti kewan banyu yo ono koyo tho boyo, kodok, iwak lan liya-liyane. Nalikane tekan gon kandang munyuk pemirsa aku weruh munyuk sing lagi lungguh sinambi gujengan pager kandange. Tak matke, tak cedaki… rodo suwe anggonku ngematke nganti akhire aku dikagetke suarane bojoku “cie….cie….sing lagi ngaca”

Atem iwg……..

Aku lan bojoku banjur mlaku maneh nonton siji mboko siji kewan kang ono nganti tapis, akhire tekan lawing metu. Lha ono ing sacedake lawing metu mau ono kandang Zebra……

Kawitan sih tak anggep biyasa…..wis nate weruh, ono ing TV ugo sering ditayangke, nagging sadurunge tekan njaban lawing dumadakan tuwuh pitakonan ono ing pikiranku “jan-jane sing bener Zebra kuwi ireng lorek-lorek putih opo putih lorek-lorek ireng.

Tak takokke ono ing FB, BB, WA, MIG33….pranyoto jawabane ora podo antarane priayi siji lan sijine, ono sing jawab sak kepenake, lucu, serius malah ono sing nganggo dasarteori barang. Koyo ngopo jawaban mau bakal tak rangkumono ing ngisor iki….cekidot…..
  1. Ireng lorek-lorek putih, alesane koyo zebra cross kae aspale ireng lagi dicat putih
  2. Putih lorek-lorek ireng, alesane warna dasar ki kan putih trus lagi dicat ireng
  3. Ireng lorek-lorek putih, alesane menurut teori ALFABET  huruf I (Ireng) iku luwih disik tinimbang huruf P (Putih)
Tak jajal Bahasa indonesiane pemirsa Hitam Putih……owh yo masuk…. Huruf H (Hitam) luwih disik tinimbang huruf P (Putih).
Tak jajal nganggo Bahasa inggris pemirsa, Black White……isih masuk pemirsa….. huruf B (Black) luwih disik tinimbang huruf W (White)
  1. Ireng lorek-lorek putih, alesane aku ireng adiku putih jew brarti kan ireng disik,  hahaha….
  2. Memang dasare ono 2 jenis, jenis pertama ireng lorek-lorek putih, jenis kedua putih lorek-lorek ireng
Nak menuru panjenengan piye pemirsa….?
Monggo ditambahi….

Kamis, 26 Maret 2015

OPTIMIS vs PESIMIS




Gambar ing nduwur iku tak jukuk soko group WA (whats up) sing tak ikuti (aku yo duwe akun WA lho pemirsa….hehe…). Sing uploud yo piyantun Jogja. Miturut pinemu (pendapat) panjenengan opo arti kang kakandut ono ing ukoro pitakonan (kalimat tanya)ono ing gambar?

Menurutku pribadiku dewe pitakonan mau ngandut roso suko renaning penggalihe kanggo kang ngucapake khususe masyarakat Jogja, amergo wus rumongso biso atur pakhurmatan kantisamestine keporo luwih marang tamu kang rawung ono ing Jogja.

Wajar pemirsa, tak kiro panjenengan yo wis perso dewe. Sopo sing ora ketagihan dolan maring Jogja...?, pesona wisata wiwit soko kraton, pantai kang asri (Parang Tritis, Samas, Kwaru lan liya-liyane) ugo wisata kulinere kang terkenal Gudeg Jogja, ditambah maneh ramah tamahe poro penduduke. Kabeh mau andadekake sopo wae ora jeleh-jeleh tindak dolan maring Jogja
Mulo yo wis pas lan ora terlalu muluk-muluk ukoro pitakonan ing nduwur
 “KAPAN KE JOGJA LAGI?”


 Ukoro nduwur kuwi pemirsa podo karo ukoro pitakonan kang pertama mung bedo panggonane wae, nangeng ngandut roso kang seje (bedo) 180 derajat. Ukoro pitakonan ing nduwur mujudake ukoro pitakonan kang ngandut  roso getun (menyesal) lan pesimis. Mujudake pitakonan retorik kang ora butuh jawaban amargo jawabane wis jelas “Ora Sudi” hehe…..

Nyadong deduko ingkang sakalangkung katah dumateng bapak/ibu guru karyawan SMK N 1 bancak ingkang sampun kepekso kerso tindak dateng gubug kawulo wonten ing acara pengajian rutin ingkang wulan meniko dumawah wonten panggenan kawulo. Nyuwun pangapunten mbok bilih anggenipun atur papan palenggahan, aruh soho suguh kirang mranani ing penggalih.
Kenopo kok aku iso ngomong ngono pemirsa, yo awit  soko kahanan daerahku kang mesti wae yo seje bedo) 180 derajat karo Jogja, ojo maneh kok kahanan pantai kang elok…. Wong kanggo tumuju panggonanku wae butuh perjuangan kang ora enteng, kudu nglewati dalan kang rusak parah nganti angel mbedakke endi dalan endi kali hahaha….

Isih katambah tindak-tanduk kasare kaluargo kang ugo bedo karo priyai Jogja. Maklum “ adoh Ratu cedak watu” mulo unggah-ungguh lan trapsilone yo kurang. Dasare omahe yo KAMSOLI (KAMpung ndeSO pinggir kaLI) hehe…

so...........................................
KAPAN KE TRABAN LAGI….?
RA SUDI..!!!!
hahaha……
ngenes

Dear Pak bupati, Traban niku nderek Kab. Boyolali lho.......