Sabtu, 18 April 2015

SUSUKE PERMEN YO.......



Kasir : Pak kembaliannya  Rp. 300,- mau sekalian disumbangin…..?

Koncoku  : Ya ndak papa…….

Dasare koncoku ki wonge apikan, ojo meneh kok mung telung atus rupiah, seket ewu yen gawe ngamal tak kiro bakal diwenehake. Ora masalah nyumbange pemirsa, ning sing pingin tak bahas masalah “susuk” (kembalian) naliko blonjo.

Ndek dino Rabu tanggal 15 April 2015 sepisan meneh aku khilaf pemirsa, aku nate ngomong yen ora tau dolan, dino kuwi aku dolan menyang Solo, sepurane yo…..hehe…..,naging dolanku ono  alesane pemirsa, ora mung dolan seneng-seneng ananging tujuan utamane penarikan siswa PRAKERIN (Praktek Kerja Industri)

Wektu kuwi rombongan priyai 4 nitih mobil, amergo sing siji priyai Salatiga perjalanan soko Bancak mobil disi wong telu lha sing siji nitih motor  tekan terminal Tingkir Salatiga. Tekan terminal ndilalah disik mobile, kapekso wong telu nunggu, sinambi nunggu aku karo koncoku mlebu mini market tuku ngombe lan jajanan kanggo sangu perjalanan. Lha ning mini market mau obrolan mau kedadean:

Kasir : Pak kembaliannya  Rp. 300,- mau sekalian disumbangin…..?

Koncoku  : Ya ndak papa…….

Penyakitku langsung kambuh pemirsa (kepo stadium 4) Tuwuh pitakonan ono sajroning pikiranku “Disumbangke ning ngendi yo…? Ora wani sempat takon aku lan koncoku banjur metu lan tekan saiki isih kepikiran terus. Mbok menowo panjenengan sing nate ngalami, ono sing nate takon tulung aku diwenehi ngerti. 

Nanging aku dadi rodo su’udzon (su’udzon karo rodo su’udzon ki dosane podo  bree…haha…) wah iki modus anyar iki…!!!!!

Lha kok iso…? Lha emange ono modus lawas ……?

Panjenengan mbok menowo nate ngalami, blonjo susuk satus utowo rongatus ora diwenehi duit nanging diganti nganggo permen, nate opo ora pemirsa….? Piye perasaan panjenengan….? Biyasa wae…..?

Yen aku mangkel…..jengkel….., isih mending yen ono tembunge, kadang tanpo ba…bi…bu….langsung diwenehi permen. Kadang saking jengkele langsung tak emut kasire permene ………….. (jengkel opo doyan haha…..).

lha wong dodolan opo meneh sekelas mini market utowo super market mosok yo ora cepak susuk……

Opo yo ora mikir menowo sing tuku ora mesti seneng permen…., opo gelem tanggung jawab yen sing blonjo teko meneh untune dho gripis mergo kokean permen….

Opo yo ora mikir menowo susuke mau arep digawe tambah bayar parker……., opo yo ora mikir yen susuk receh mau arep dileboke ono ing celengan jago….., opo yo ora mikir yen duwit sejuta iku yen kurang satus jenenge yo ora sejuta…..(weh… kok dadi emosi aku hehe….)

Ora lucu tow mas….mba’…. yen ono nikahan mas kawine duwit (Rp. 999.900 + permen 1)

Mulane aku janjane pengin balas dendam pemirsa, aku pengin blonjo trus umpamane enteke Rp. 100.000 arep tak bayar Rp. 99.900 tak tambahi permen siji hehe….
dadi lelucon kang sering dinggo geguyonan kae ugo berubah, panjenengan mesti nate mireng geguyonan koyo iki
_  Klambimu apik temen, regone piro kwi…?
+  Rego 100 ewu
_  Larang temen….duit kabeh Kwi?
Biyasane jawabe kan….
+  Ora…campur godong….!!!
Lha saiki ganti….
+ Ora….campur permen….!!!
lucu upu ura pemirsa….?



Kamis, 16 April 2015

MEH WAE………….(HAMPIR SAJA)



Senin, 6 April 2015 kiro-kiro jam 20.00 WIB aku karo kakang sepupuku (kang Pardi karo kang Monadin) mangkat kumpulan RT kang biyasa dianakake saben selapan sepisan. Amergo selapan sepisan mulo asring sinebut “Kumpulan Lapanan”. Bengi iku kumpulane mapan ono ing daleme Pak Sutrisno (Gaber).

Koyo biyasane aku tekan panggonan kumpulan wis ono sing rawuh lan jejagongan. Sawuse kumpul kabeh acara banjur dimulai wiwit pambuko, waosan tahlil, sambutan, laporan keuangan, lain-lain, sarto panutup.

Ngancik adicoro nomer 3 yoiku sambutan, ora koyo biyasane sambutan ono ing kalodangan iki diisi dening bapak Kadus amergo jabatan ketua RT nembe kosong amergo ketua RT sadurunge wis sedo (mugo-mugo Khusnul khotimah…aamiin…).

Siji mboko siji acara wus kelakon, ngancik adicoro lain-lain kang biyasane diisi usulan poro kang podo rapat dibahas bareng-baring, nanging kalodangan iki acara dipandu pak Kadus kanggo pemilihan RT anyar

Pak Kadus : Gandeng RT 2 nembe kosong Ketua RT nipun pramilo wonten kesempatan meniko kulo ginakaken kangge pemilihan RT, calonipun inggih puniko sedoyo warga RT 2, panjenengan sedoyo mangkeh bade kawulo paring kertas kangge nulis setunggal asmo (nama) pilihan panjenengan. Saderengipun dimulai kulo waosaken kriterianipun calon ketua RT samangkeh injih puniko :

  1. MAMPU,  artosipun saget ngayahi pegaweanipun (pekerjaan) selaku ketua RT
  2. BANYAK WAKTU, supados saget mangertosi kawontenan RT 2 mriki.
  3. MAU, artosipun purun didadosaken ketua RT
 Monggo kito mulai, Tulis setunggal nama wonten kertas lajeng dipun kempalaken dumateng kulo. Kabeh podo nulis termasuk aku, aku milih bendahara RT (pak Kardi), sawuse nglumpik kabeh kertu suarane banjur di itung ono 31 kartu suworo. Sabanjure banjur dibukak siji mboko siji kanggo ngetung hasil suworo .

Kaget aku pemirsa kartu layang kartu sworo kang dibukak pertama jenengku (blaik…..) kartu nomer 2,3,4 lan sateruse…… akhire muncul 4 jeneng yoiku 
Kardi, Parno, Sutrisno, Asmui. 

Sakswene mbukak layang kartu sworo akeh banget jenengku kasebut, dumadakan perasaanku mulai ora kepenak  lungguhku dadi ora krasan bola-bali tak pernahke anggonku lungguh, yo silo…yo sedekul….yo slonjor…..ananging tetep wae ora krasan. Pikiranku wis parno disik wedi yen swaraku paling akeh.

Aku sadar aku durung iso koyo Umar bin khottob kang tengah wengi kerso manggul beras sak karung kanggo rakyate kang kengelihen, aku durung iso koyo Jalal (Joodha Akbar) hehe... kang tegas ngukum anake kang salah amargo panahe ngenani bocah cilik, aku durung iso koyo Khofifah Indar parawansa (Mentri Sosial) kang milih nyumbang 5 juta tinimabang kon njoget naliko oleh tantangan acara I Like Dangdut, aku durung iso…..,aku durung iso….., pokoke aku durung iso yen kon dadi ketua RT.
Aku terus mikir piye carane menghindar supoyo iso alesan, saking panike nganti suguhan kang wus disumadyakake ora tak pangan….(atem tenand og….)
Sawuse rampung anggone mbuka’i layang kartu sworo, kabeh kartu sworo dianggep sah ora ono sing rusak, pak kadus dibantu salah sawiji wargo notal sworo kang mlebu. Akhire gunggung (jumlah) tolal diumumke dening pak kadus.
Poro rawuh kulo bade ngaturaken hasil pemilihan wonten ing dalu puniko, totalipun injih puniko…….
  1. Pak Asmui           :19
  2. Pak Kardi            :7
  3. Pak Parno            :4
  4. Pak Trisno            :1
Shock aku pemirsa……………………

Kanti mekaten kawulo tetapaken bilih ketua RT 02 Engkang enggal inggih puniko pak……Interupsi pak kadus…… (aku mbengok histeris pemirsa) nadyan durung duwe alesan pokoke usul disik. Karo ngomong akhire aku entuk alesan…..

Nuwun sewu kolo wau pak kadus maosaken aturan pemilihan wonten 3 perkawis
  1. Mampu, kawulo rumaos dereng mampu awit senadyan sampun jenggoten pengalaman organisasi kulo niki dereng  dereng gadah. (aku mini ngunu malah dho guyu pemirsa, atem tenand)
  2. Banyak waktu, menawi kulo kapurih cerito kahanan RT 02 Traban dibandingaken kalian crito kahanan Bancak kadosipun kawulo luwih ngertos Bancak khususipun SMK Bancak, cekakipun wekdal kawulo katah wonten sekolah tinimbang wonten griyo
  3. Mau, lha kangge nomer 3 niki InsyaAlloh kulo nggih…….mboten maualias mboten purun (tidak mau)
Lha awit saking 3 aturan kolowau kadosipun kulo mboten masuk kriteria, pramilo saderengipun dipun tetapaken monggo dipun rembag malih.

Saknaliko kahanan dadi rame,podo nglompok rembugan dewe-dewe golek solusi, ono tengahing rembugan dumadakan ono sing omong banter  “wah pak kadus ndadak ono peraturan barang ……wong biyasane ki 
sing kepilih ora entuk nolak jew…….” Disambut wong akeh kan ngiyani……..

Batinku……Alhamdulillah untung ono peraturan 3 mau kang biso tak gawe alesan……..

Akhire ono sing usul, gandeng pak asmui mboten sanggup lan alesane ugi sesuai pripun menawi engkang minggah dados RT pak Kardi ingkang pikantuk 7 sworo…… aku langsung mbengok banter pemirsa Setuju……… hahaha…….

MEH WAE………………

Abdullah bin 'Umar berkata, "Aku mendengar Rasulullah shallallahu 'alaihi wasallam bersabda: "Setiap kalian adalah pemimpin, dan setiap pemimpin akan dimintai pertanggung jawaban atas yang dipimpinnya”

Jumat, 03 April 2015

KABUL DONGANE



Iki crito lucu soko koncoku.....
koncoku duwe tonggo pemirsa, tonggone iku crito marang koncoku, deweke getun amergo dongane wis dikabulke dening gusti Alloh.

Koncoku : Olah opo kok kowe getun.... jare dongamu wis den kabulake dening Gusti Alloh, kudune kan bungah yen dongane dikabulke, akeh tonggo teparo sing pengin dongane dikabulke ananging susah amargo tekan saiki durung den kabulake lha kok kowe sing dongane wis dikabulke malah getun...?

Tonggone koncoku : Lha piye ora getun, anaku ki mundak gede ora soyo sregep ning malah soyo keset, tak petan-petani, tak pikir-pikir opo yo pancen kabul dongaku mbiyen yo kang...

Koncoku : Lhamemange opo tow isi dongamu mbiyen...?

Tonggone koncoku : Aki ki mbiyen ndongo supoyo anakku ora rekoso koyo aku kang....

Koncoku : lha rak yo wis bener tow......

Tonggone koncoku : Iyo wis bener.... wis dikabulke malahan......

Koncoku : Lha trus opo sing mbog getuni....?

Tonggone koncoku : Lha kae deloken kang anakku saiki wis mulyo....ora rekoso....persis koyo dongaku, mulyo......aku ning sawah anakku nonton TV, Aku ngaritke wedus anakku nengkreng ning nduwur motore karo udad-udud ning prapatan, mbokne mepe gabah anakku lungguh jigang karo nyekel HP moco postingan Facebook, jiann...mulyo tenand....


ادْعُوا رَبَّكُمْ تَضَرُّعًا وَخُفْيَةً ۚ إِنَّهُ لَا يُحِبُّ الْمُعْتَدِينَ وَلَا تُفْسِدُوا فِي الْأَرْضِ بَعْدَ إِصْلَاحِهَا وَادْعُوهُ خَوْفًا وَطَمَعًا ۚ إِنَّ رَحْمَتَ اللَّهِ قَرِيبٌ مِّنَ الْمُحْسِنِينَ
” Berdoalah kepada Tuhanmu dengan merendah diri dan suara yang lembut. Sesungguhnya Allah tidak menyukai orang-orang yang melampaui batas. Janganlah kamu membuat kerusakan di muka bumi, sesudah (Allah) memperbaikinya dan berdoalah kepadaNya dengan rasa takut (tidak akan diterima) dan harapan (akan dikabulkan). Sesungguhnya rahmat Allah amat dekat kepada orang-orang yang berbuat baik. [al-A‘raf/7:55-56] [2]