Jumat, 18 Desember 2015

DRAFT YANG TERTUNDA

Selama awal musim hujan ini, beberapa hal menarik perhatian saya meskipun hal itu sebetulnya adalah kejadian rutin tahunan, hanya mungkin karna kebodohan saya sehingga tidak peka terhadap setiap kejadian yang diciptakan  Alloh SWT  sehingga  baru kali ini saya bisa merasakan.

Betapa semua kejadian itu terjadi tak satupun yang sia-sia..... janjane ngomongke opo toch.....!!!!!

Ngene   pemirsa.....ono ing desaku naliko mulai musim rendeng sawuse udan deras esuke mesti ono laron.

Lha sing tak gumuni laron yoiku,  saksuwene mongso ketigo kurang luwih 5 nganti 6 wulan ono njero lemah, bareng mongso rendeng lilo metu soko omahe mung bakal dadi mangsane (makanan) kanggo kewan liyo  koyoto manuk, ayam lan liyo-liyane.
Jajal piye perasaanmu yen dadi laron.....? 6 wulan ono njero lemah, peteng ndedet, umpek-umpekan, bareng metu lagi seneng-senenge weruh padange jagad, segere howo esuk kang sumringah,  nganyari suwiwine (sayap) kanggo  menyambut tumekane udan....eee..lha kok nembe mabur 1 menit wis di samber manuk.... lagi mabur 2 menit mudun sedelok lha kok di thothol ayam .... opo meneh yen panjenengan  amati laron naliko arep metu soko lenge (lubang) podo rebutan anggone metu  (salut aku marang kerelaan laron memeranakan peran kang diwenehake marang dewekne) ora usah kakean ngeluh...jalani wae....

Sabanjure menowo wis sawetoro mongso udan, akeh tetukulan kang jumedhul soko lemah, wit-witan podo semi maneh, kahanan dadi  ijo royo-royo nambahi segere swasono.

Salah sawijine wit-witan kang semi maneh godhonge yoiku wit jati, wit jati kang naliko mongso ketigo naganggo hormon asam absisat kanggo ngrontogake godhonge kanggo ngurangi penguapan, naliko mongso rendeng podo semi lan katon ijo royo-royo.


Naging njenengan nate ngamati pemirsa ? pirang ndino godong jati mau bertahan ?


Paling mung 2 minggu, wit jati mau kudu nglilakake godhonge dipangan uler nganti entek ludhes,,,, bayangno 6 sasi lilo nggogrokake godhone kanggo bertahan urip, sawuse udan lagi seneng-senenge godonge semi ... lha kok dipangan uler.... sabar....ikhlas....


Pemirsa nate moco bukune  mas Darwis Tere Liye kang judule “Daun yang jatuh tak pernak membenci angin" ? ono salah sawijine Quote unine ngene : Daun yang jatuh tak pernak membenci angin, dia membiarkan dirinya jatuh begitu saja. Tak melawan. Mengikhlaskan semuanya.”
Menurutku kuwi lumrah amergo biyasane daun yang jatuh akibat sentuhan angin itu daun yang sudah tua, sudah menguning (artinya sudah sewajarnya dia bersikap iklas, nek tuwo kok rung iso ikhlas ki yo kebangeten hehehe.... maaf mas' Tere Liye dalam hal ini aku kurang sepakat dengan anda.
Menurutku lebih tepat quote saya ini "Daun jati yang ludhes tak pernah membenci ulat, dia membiarkan dirinya dimakan begitu saja, tak melawan, mengikhlaskan semua dan dia tahu bahwa dengan pengorbanannya dunia akan menjadi lebih indah ketika nanti si ulat menjadi kupu-kupu. Hehe... piss yo mas"


Jumat, 27 November 2015

Maaf Guru


Jumat, 20 November 2015

PERTARUNGAN HARGA DIRI



Isih eling caturan iki pemirsa…?

Bali soko kerjo langsung disambut laporan soko bojoku

 

Bojoku             : Mas pitike mati

Aku                 : Gantinen batrene adek

Bojoku             : Emange radio….. ?@#$>>%^&$@!

 

 hehehe …..

Wingi esuk kedadean maneh pemirsa caturan (dialog) antarane aku karo bojoku babagan pitik. Esuk-esuk bubar sholat subuh koyo adat saben bojoku banjur menyang pawon ngayahi pakaryan saben dino masak lan liyo-liyane, ono sela-selane ngayahi pegawean bojoku mbukak lawang kandang pitik. Pitik banjur podo metu soko kandang…. Bojoku neruske pegawean.

Kiro-kiro 5 menit keprungu suoro anak pitik podho pating kriyek…. Bojoku banjur metu niliki karo ngomong mas babone kokora ono….kwi anake podo pating kriyek….

Aku banjur niliki….tenan pemirsa….anak pitik wis dho semebar dewe-dewe pating kriyek, ono sing dolanan plorotan, ono sing dandulan oyot asem, malah ono sing jigang  ngedep kopi karo udud….pokok memprihatinkan keadaane pemirsa….hehe…

Kwi anak pitik kang ora ketunggon babone, mbok menowo yo ora bedo adoh karo bocah kang ora ketunggon wong tuwone.

Aku banjur nggoleki pitik babon kang ilang mau, panyongkoku mesti si babon lagi ono kepentingan kang ora iso ditinggal, sebab  tego ninggal anak nganti ora kopen.

Okeh poro wong tuwo lungo merantau tego ninggal anak, ora liyo yo kanggo panguripan kang luwih apik iku yo kanggo masa depane anak. Mulo poro anak bektio marang wong tuwo, senadyan ora iso saben dino ono sandingmu nanging percoyo o yen kasih saying wong tuwo marang anak iku ora ono bandingane.

Bali menyang pitik hehehe…. Sakwuse tak goleki mrono-mrene akhire ketemu….bener panyangkaku pemirsa babon mau lagi ono kepentingan kang banget pentinge yo iku mempertahankan hargadiri alias “TARUNG” karo babone tonggoku… hehehe…nanging iki murni tarung harga diri lho mba”….dudu masalah cowok… haha...

Mangerteni koyo mangkono tanpo babibu aku banjur nyedak langsung babone tonggoku tak cekel tak uncalke,wektu kuwi aku khilaf pemirsa, akal sehatku ilang….dorongan roso nepotismeku kuat…. kang ndadekake aku dadi ora  adil pokoke babonku ora salah, babone tonggoku sing salah….

Sakwuse kuwi babonku banjur tak giring mulih ketemu karo anak-anake,dan “Keluarga itu pun kembali bahagia”

Bojoku                         : Wis ketemu babone mas ?

Aku                             : Wis adek, tarung karo babone tonggo

Bojoku                         : Kok ora krungu klabruk-klabruk….?

Aku                             : lha babon  owg..... dadine tarunge mung jambak-jambakan

Bojoku                         : ?@#$>>%^&$@!