Sabtu, 21 Februari 2015

WONG LALI ORA KELINGAN

Crito iki aktore bapakku karo pakdeku
judule :" WONG LALI ORA KELINGAN"
Koyo biyasane bubar ngimami neng mushola bapak karo pakde jagongan ono teras mushola ngenteni sholat Isya'.
Lagi asyik ngobrol dumadakan listrike mati pet.... spontan bapak njupuk korek banjur diempake kahanan dadi rodo padang seko cahaya koreke bapak.
ning anehe bapak malah tindakan mubeng karo ngobahke koreke sajak koyo nggoleki sesuatu.
Pakdeku banjur takon.

Pakde : golekki opo kok sajak bingung
Bapak : korekku mau ning ndi yo kang, arep tak gawe nyumet lampu teplok
Pakde : lha sing muk gawe ngobori kwi opo? (Karo kepingkel-pingkel)
Bapak : MasyaAlloh..........Wong ki nak wis S2
Pakde : Opo kwi S2 (isih karo ngguyu)
Bapak : Sampun Sepuh
Pakde : Hahaha....
bapak.....bapak......... korek sampun didamel ngobori kok taksih dipadosi

NING KALI GOWO PANCINGAN
WONG LALI ORA KELINGAN

SAFETY RIDING

Sawijiningdino mulih soko pelatihan jam 5 sore, numpak motor nyedaki wayah maghrib kahanan bubar udan nglewati dalan kang kiwo tengene sawah.
Aku dadi berimajinasi.........., mbayangke koyo numpak pesawat luar angkasa, kewan-kewan cilik sing podo mabur prasasat koyo lintang lan planet-planet. Soko kadohan aku weruh wewujudan ireng kang nggegirisi, sikile wolu, nduweni tlale lan motone mencorong.
Jroning pikiranku takon, opo iki sing jenenge monster luar angkoso?. Sansoyo suwe......, sansoyo cedak......, sansoyo gede....sansoyo gegirisi...sansoyo....ceplak...(aseemb...tenaand...mripatku kelilipen monster luar angkasa). Horor tow hagaga...

Menurut Fico juara 2 SUCI 3 wong kelilipen kuwi garis takdire kuat banget alesane
1. Rai sakmene ombone ono pipi, irung, pipi ananging kenopo sing keno mripat
2. Klilipen kwi timing e kudu pas, telat sak detik wae iso keno irung opo pipi.


Menurutku ora mung klilipen, kabeh kang dumadi ono ing donyo iki kabe wis tinakdir. Bayangno yen wektu ning ndoyo iki di ndek 1 menit wae dening Gusti Alloh, kabeh dadi kacau, tanduran sing kudune tukul ora sido, udan sing tumibo ora sido, angin mandek, ombak melu mandek, yen ono sing lagi pipis metu separo njur mandek (ijab koyo opo rasane) haha...
Kabeh tatanan RUSAK


Mulo pesenku "YEN NUMPAK MOTOR KOCO HELM e DITUTUP" ben ora kelilipen...
Hahaha.....Ra nyambung blazt....

"YO BEN"

DILEMA

Mapan turu karo mengkhisab diri, eling jaman cilik asring gawe dukone simbok. Pangapuntene nggih mbok..;-(
Salah sawijine sing marai dukone simbokku yoiku yen aku adus gebyuran ono ing kali kulon omahku, maklum omahku KAMSOLI SORPRING (KAMpung ndeSO Pinggir kaLI ngiSOR PRING) hehe....
Koyo wektu kuwi, aku lan konco-konco lagi podo adus gebyuran ono kali, ssttt...ora klamben sisan hehe... (yo ra popo.... wong cah cilik-cilik owg).
Rame pemirsa....ono sing latihan koprol, ono sing betah-betahanan nyilem (nahan ambekan ning jero banyu) ono sing sirat-siratan banyu, ono sing dolanan pasir ning pinggiran
Saking senenge nganti aku ora mangerteni jebul mbokku wis ning pinggir kali karo nyekel carang pring, mbokku njur ngendiko "as....!! bali pora....!! Nduwur mendung kae lho.. Banjir ngko..!!
Aku sing lagi lelangen ono tengah kedung cepet-cepet nglangi minggir karo nangis (gembeng aku yo.....hehe) amergo pancen aku wedi yen duwe salah marang simbok
Jroning pikirku, wah mesti bakal di sabeti iki, aku pasrah karo sansoyo banter anggonku nangis.
Sakwuse tekan ngarepe simbok.... carang pring kang di asto simbok langsung... di dudul-dudulke ono ing wetengku nganti aku dadi geli...
Aku dadi bingung pemirsa, kudu nangis mergo wedi karo simbok opo kudu ngguyu amergo geli didudul-dudul wetengku nganggo carang pring haha.....
Sumpah mas..mba'... "SAAT ITU AKU DALAM DILEMA" hehe..


"Hormatilah ibumu kemudian ibumu kemudian ibumu kemudian bapakmu"