Jumat, 27 November 2015

Maaf Guru


Jumat, 20 November 2015

PERTARUNGAN HARGA DIRI



Isih eling caturan iki pemirsa…?

Bali soko kerjo langsung disambut laporan soko bojoku

 

Bojoku             : Mas pitike mati

Aku                 : Gantinen batrene adek

Bojoku             : Emange radio….. ?@#$>>%^&$@!

 

 hehehe …..

Wingi esuk kedadean maneh pemirsa caturan (dialog) antarane aku karo bojoku babagan pitik. Esuk-esuk bubar sholat subuh koyo adat saben bojoku banjur menyang pawon ngayahi pakaryan saben dino masak lan liyo-liyane, ono sela-selane ngayahi pegawean bojoku mbukak lawang kandang pitik. Pitik banjur podo metu soko kandang…. Bojoku neruske pegawean.

Kiro-kiro 5 menit keprungu suoro anak pitik podho pating kriyek…. Bojoku banjur metu niliki karo ngomong mas babone kokora ono….kwi anake podo pating kriyek….

Aku banjur niliki….tenan pemirsa….anak pitik wis dho semebar dewe-dewe pating kriyek, ono sing dolanan plorotan, ono sing dandulan oyot asem, malah ono sing jigang  ngedep kopi karo udud….pokok memprihatinkan keadaane pemirsa….hehe…

Kwi anak pitik kang ora ketunggon babone, mbok menowo yo ora bedo adoh karo bocah kang ora ketunggon wong tuwone.

Aku banjur nggoleki pitik babon kang ilang mau, panyongkoku mesti si babon lagi ono kepentingan kang ora iso ditinggal, sebab  tego ninggal anak nganti ora kopen.

Okeh poro wong tuwo lungo merantau tego ninggal anak, ora liyo yo kanggo panguripan kang luwih apik iku yo kanggo masa depane anak. Mulo poro anak bektio marang wong tuwo, senadyan ora iso saben dino ono sandingmu nanging percoyo o yen kasih saying wong tuwo marang anak iku ora ono bandingane.

Bali menyang pitik hehehe…. Sakwuse tak goleki mrono-mrene akhire ketemu….bener panyangkaku pemirsa babon mau lagi ono kepentingan kang banget pentinge yo iku mempertahankan hargadiri alias “TARUNG” karo babone tonggoku… hehehe…nanging iki murni tarung harga diri lho mba”….dudu masalah cowok… haha...

Mangerteni koyo mangkono tanpo babibu aku banjur nyedak langsung babone tonggoku tak cekel tak uncalke,wektu kuwi aku khilaf pemirsa, akal sehatku ilang….dorongan roso nepotismeku kuat…. kang ndadekake aku dadi ora  adil pokoke babonku ora salah, babone tonggoku sing salah….

Sakwuse kuwi babonku banjur tak giring mulih ketemu karo anak-anake,dan “Keluarga itu pun kembali bahagia”

Bojoku                         : Wis ketemu babone mas ?

Aku                             : Wis adek, tarung karo babone tonggo

Bojoku                         : Kok ora krungu klabruk-klabruk….?

Aku                             : lha babon  owg..... dadine tarunge mung jambak-jambakan

Bojoku                         : ?@#$>>%^&$@!

 

Senin, 21 September 2015

IKHLAS ( repost)

Suoro mobil lan motor gembrunggung napaki dalan munggah kang kari kricak amargo wus ilang aspale. Kebul asep knalpot kacampur bleduk awu kagowo angin mongso ketigo nerak gegodongan kang wus ora ijo.

Nadyan koyo mangkono kanggoku Sore iki swasono katon endah lan nentremake pangrasaku.
Mendung kang mung sak dlemok nutupi sumunare srengenge ono ing sisih kulon, koyo-koyo kepingin ngewangi supoyo kahanan bumi enggal dadi adem.

Ikhlas.....sore iki aku antuk piwulang bab ikhlas.....

Soko ruang melati 2 , ibu-ibu kang lagi nunggu morotuane gerah metu karo nggowo banyu bening tumuju menyang kamare bapakku kang ugo lagi dirawat.
Ibu-ibu mau banjur ngendiko "Mas....bapak kulo nyuwun dipun dongakaken bapakipun panjenengan....
Owh...nggih monggo...(jawabku)

Sabanjure aku mlebu banjur matur bapak kang isih sare , aku banjur matur marang bapak, "pak...pasien kamar sebelah nyuwun dipun dongakaken panjenengan" .

Tanpo nganggo pitakon maneh bapak banjur maos surat fatihah, lan banyu ono ing gelas kang diasto ibu-ibu mau supoyo diunjuk dening pasien kamar sebelah.....

Eee... mbokmenowo iki kang jeneng ikhlas

Senadyan podo-podo nandang gerah nanging isih podo dongo dinongo ....