Kamis, 11 Juni 2015

Salah Ing Pinaham (Mis Understand)
























 gb. soko : www.keepcalm-o-matic.co.uk.

Miturut Gorrys Keraf (1977 : 1), Boso (luwih tepate Boso lesan) iku mujudake alat komunikasi antarane anggota masyarakat arupo simbul unen-unen kang dihasilake dening alat pangucap manungso.
Sejatine komunikasi ora mung nganggo “Boso Lisan” nanging ugo biso nganggo boso isyarat, boso tubuh (body language), boso gambar, morse, lan liya-liyane kalebu suoro kentongan kang digunakake masyarakat padesan.

Ananging soko pirang-pirang werno model komunikasi mau paling gampang dimangerteni yoiku boso lisan.
Ewo semono ono kalane nganggo boso lisan tetep wae kedadean salh ing pinaham (misunderstand) kang kadang kolo iso ndadekake komunikasi ing antarane 2 utowo luwih wong dadi slenco.

Aku yo nate ngalami pemirsa….. (halah…. Capek deh…)

Critane ngene, naliko aku kelas 2 SMP aku ono ing kelas 2A kelase gandeng karo kelas 3D sing mengkone naliko kelas 3 dadikelasku ugo, kenopo tak critakke kelas 3D… amergo kelas kuwi kelas kang bedo dewe. Kelas liyane bangunane seko tembok rong kelas kuwi isih soko papan (mesakke).

Kiro-kiro 5 langkah soko lawang kelas kelas 2A ono warunge Mak Nadi (nek ra kliru), dadi yen arep pesen soto “Tak usah kirim surat, SMS juga gak  usah).

Jaman semono aku disangoni wong tuwaku Rp. 600,- kanggo transport menyang-mulih Rp.200,- turah 400 kanggo jajan. Duit kanggo jajan biyasane ora tak entekke, kadang 50 kadang 100 tak turahke tak celengi ono ing bumbung pring nganti iso takgawe tuku radio Transistor (pengamalan dasa darma pramuka darma nomor 7 “Hemat, Cermat dan Bersahaja”.

Sawijining wektu, naliko istirahat aku jajan nggone mak Nadi. Naliko kuei aku jajan soto karo gorengan 2, bubar mangan aku banjur mbayar….

Aku     : mpun mak….soto kaleh gorengan 2

Mak Nadi        : sotone 300 gorengan 100 dadi 400

Kanti rodo plenggang-plenggong tak bayar trus aku mlebu kelas

Tekan kelas aku isih mikir-mikir (galau), koyoke ono sing salah deh mak Nadi (mbayangke wajahe mak nadi), anggone ngitung mau soto kok 300, biyasane kan 150…? Aku dadi ora konsentrasi pelajaran pemirsa (wektu kuwi pelajarane pak Mulyono, PSPB). Nganti bubar pelajaran istirahat ke 2 pelajaran blas ora ono sing mlebu (ancene bodho).

Naliko istirahat, kanti ngerahke kabeh kadigdayan lan mbuang roso jirehku(aku mbiyen wedinan mas…..yen saiki ngono….isih) akhire aku takon karo mak Nadi

Aku                 : mak anggenipun ngetung wau nopo mboten salah mak…?

Mak Nadi        : lha piro mau le…?

Aku                 : soto kaleh gorengan 2

Mak Nadi        :rak yo bener tho soto 2 gorengan 2….

Aku                 : soto kaleh niku maksude soto karo (dan) dados sotone setunggal

Mak nadi         : oww…. Bocah…. Mbok mau ngomonge soto kalian gorengan 2 rak yo mudeng aku, yen olehmu kondo mau rak soto kaleh gorengan kaleh, retiku yo sotone 2, dadi misunderstand aku tho le…..le….(mak Nadi gaul haha…)

Siji meneh crito salah ing pinaham, critone mbokdeku naliko dadi rewang bakul ono Jakarta, naliko kuwi mbokdheku dikongkon blonjo karo sing duwe warung.

Sing duwe warung      : yu blonjo ning pasar yo…,iki catetane, iki duwite….sing 1500 iki ngko daginge asu yo…

Mbokdheku     : nggih bu karo mangkat

Bareng wis entuk kabeh blanjane, banjur golek daginge asu, muter-muter sak ombone pasar,takon mrono-mrene ora ono kang adol daging asu, akhire mbokdheku menyerah banjur bali

Mbokdheku                 : bu niki blanjane, ning daginge asu mboten wonten…

Sing duwe warung      : mosok pasar sakmono ombone ora ono daging

Mbokdheku                 : wontene daging sapi lan ayam bu

Sing duwe warung      : lha yo kuwi daging sapi kanggo pakan asu

Mbokdheku                 : &*^%$#$5*9)*&….

Yen ning omahmu nganggo boso opo pemirsa, Indonesia, Jawa, Inggris, Arab…
Yen aku sih seringe body language…whehehe…..

Kamis, 04 Juni 2015

SEBUAH JUDUL SKRIPSI : ALTERNATIF PENGERING PAKAIAN DENGAN MEMANFAATKAN KABEL TANPA LISTRIK


Gb. dari google.
Aku arep crito pemirsa, ning yen ora apik ojo diguyu ya…., amergo aku iki nembe taraf latihan nulis crito mulo aku yakin durung iso gawe puas panjenengan, dadi sepisan meneh “YEN ELEK OJO DIGEGUYU”

Skripsi iku istilah kang digunakake ono ing Indonesi kanggo nggambarake sawijining karya tulis ilmiah arupo paparan tulisan hasil soko penelitian sarjana S1 kang mbahas  sawijining permasalahan / fenomena ono ing bidang ilmu tartemtu kanti migunakake  kaidah-kaidah kang baku.(alih boso soko :Wikipedia bahasa Indonesia, ensiklopedia bebas)

Dene tujuan, guno lan manfaat lanliyane panjenengan brosing dewe yo pemirsa….. mosok yo aku terus….whehehe….wose skripsi iku mujudake salah sawijine syarat lulus S1.

Alhamdulillah aku yo sempat ngalami skripsi pemirsa, lan Alhamdulillah paringane aku yo…..”MUMET” hehe.., nanging kanti golonge tekat lan modal nekat sarto modal rai gedek ndas tank, saben maju bimbingan ditolak…. Dibenerke…. maju meneh, ditolak…dibenerke maju meneh…bolan-baleni akhire iso rampung.

Koncoku yo pernah mumet gawe skripsi, sebut wae jenenge “bunga”… eh tapi lanang ding…yen lanang biyasane sebutane opo pemirsa…? Yowislah timbang mumet tetep nganggo istilah kancaku wae yo…
Goro-goro maju judul ora pernah ACC akhire koncoku moro ning omahku, kaya ngapa critane ayo tiliki bae ning TKP….<samidi mode on>

Aku : Weh…… kok njanur gunung, kadingaren gelem dolan, ono perlu iki sajake…?

Koncoku : Mumet aku as…..maju judul bola-bali ra ono sing di ACC, judul skripsimu opo       as kok cepet men rampung ?

Aku : Aku gawe saklar jarak jauh nganggo sinyal radio

Koncoku : Mbok aku gawekke judul sing menarik ben di ACC as…!

Aku : Aku kan koncomu, wis sakmestine kekancan kwi aweh pambiantu yen koncone lagi ono masalah

Koncoku : Ho o, wis gek ndang kwe duwe judul opo tak gawene skripsi..?

Aku : Iki aku duwe judul “ALTERNATIF PENGERING PAKAIAN MEMANFAATKAN KABEL TANPA LISTRIK”

Koncoku : waaah…..keren…cara gawene piye kwi, ndang warai ngko tak jokne proposal

Aku : Carane ngene, kwe golek kabel sing inti kabel pejal/tunggal (dudu sing serabut) kiro-kiro 5 nganti 10 meter, negor wit pring sak lonjorpotong dadi 2, sabanjure pring di ceblokke ono ing lemah arah lor lan kidul, sawuse iku kabel mau di bentangke ing antarane pring loro mau……

Koncoku : Wong edyan….kwi ngono pemean klambi…… kakeane…..

“YEN ELEK OJO DIGEGUYU”

Aku takon pemirsa tulung dijawab jujur, naliko moco tulisanku mau njenengan ngguyu opo ora ?

Yen ngguyu berarti tulisanku elek…..(ora bolo :( )
Yen ora ngguyu berarti tulisanku ora lucu (podo wae ora bolo :( )

“ANDA DALAM DILEMA” ya'e.....

Senin, 01 Juni 2015

KENARIKU SAYANG KENARIKU MALANG
























Duwe ingon-ingon (Hewan Peliharaan) iku kanggone saperangane wong mujudake salah sawijine hobi kang nyenengake lan angel diilangi. Malah ono sawenehe penelitian poro ahli ngandarakake lelangenan (bercengkerama) karo kewan ingon-ingon iku biso nuwuhake manfaat kesehatan lan ikatan batin kang kajalin kang duweni.

Jinise hobi ingon-ingon iku akeh banget wiwit soko kang biyasa koyo to ngingu wedus, sapi, kelinci, manuk, ayam lan liyo-liyane nganti hobi ingon-ingon kang ekstrim koyo to ngingu singo, boyo, ulo lan kewan galak utowo kewan liyane kang ora lumprah di ingu.

Pancen wis ginaris yen menungso iku salah sawiji sifate duweni kecenderungan pengin duwe ingon-ingon kewan. Dhawuhe Gusti Alloh ono ing surat Ali Imron ayat 14 “Dijadikan indah pada (pandangan) manusia kecintaan kepada apa-apa yang diingini, yaitu wanita-wanita, anak-anak, harta yang banyak dari jenis emas, perak, kuda pilihan, binatang-binatang ternak dan sawah lading, itulah kesenangan hidup didunia dan disisi Alloh-lah tempat kembali yang baik (syurga).

Mulo yo wis jamak lumrahe yen saperangan manungso iku ono sing banget senenge marang kewan ingon-ingone. Nganti saking saking senenge anggone aweh pangrumat marang ingon-ingone ngluwihi tinimbang ngrumat keluargane hehe…(bangeten yen koyo ngunu kuwi).

Tanggal 31 Mei 2014 jam 06.15 WIB WA ku ono pesen mlebu, kiro-kiro 2 menit yoiku jam 06.17 lagi tak buka, jebul soko koncoku pemirsa , ngandarakake menowo lagi keno musibah yoiku manuke dicokot ulo…eh….maksudku manuk kenari ingon-ingone dipangan ulo hehe…. Aku mung biso mangsuli “sawer nopo pak…..nderek belo sungkowo nggih pak…hehe” koncoku mangsuli ulone ijo pak buntute wero coklat semu abang. Wah..sawer Gadung niku pak cukup mbebayani…

Iseng-iseng aku banjur buka internet golek sisik melik babagan ulo kang warnone ijo, akhire soko internet aku entuk katerangan menowo ulo kang wrnane ijo iku ono 3 jenis yoiku :
  1. Ular Bangkai Laut (Trimeresurus Albolabris)
Cirine ulo iki dawane antarane 60 nganti 80 cm, ndase mbentuk segitiga lan ing bagian pucuk buntute warno abang semu coklat, kalebu ulo kang duweni upas kangmandi yen ning daerahku mungkin kang diarani ulo Gadung.
  1. Ulo Bajing
Cirine ulo iki dowo awake iso nganti 1,5 m, bentuk ndase pipih lan wupasutowo wisane kagolong ringan, kabeh awake werno ijo kajobo ono ing lingkar motone werno ireng lan bagian buntute  werno coklat semu abang.
  1. Ulo Pucuk
Ulo iki duweni ciri dowo awake iso nganti 1,5 m, gedene paling polsak driji (kagolong ulokang langsing). Bentuk ndase lancip lan duweni kebiyasaan turu mlengker ono ing nduwur wit mulo diarani ulo pucuk.yen daerahku diarani ulo godong. (pucuk…pucuk…)

Bali marang critane koncoku pemirsa, untung wae koncoku kalebu priyai kang tabah dadi nadyan kelangan manuke (ingon-ingone) deweke ora kedowo-dowo anggone ngroso susah, kabeh dibalekake marang kersane Gusti Alloh SWT.

Ono lho pemirsa wong kang kelangan barang klangenane banjur gelo kedowo-dowo malah kadang nganti koyo stress, kang koyo mangkono iku ora apik, lha supoyo enggal mari naliko gelo amergo ingon-ingone mati iki tips soko aku hehe….
  1. Ojo Terus-Terusan Nyalahake Awakmu Dewe
Panjenengan keno ngroso sedih,ning ojo nganti rumongso salahmu terus terusan mbayangi pikiranmu, yen perlu panjenengan ijino karo atasanmu ora mangkat kerjo kanggo nenangke fikiran (haha…)
  1. Up date Status
Panjenengan iso Up Loud gambar-gambar ingon-ingon panjenengan ono Face book karo diwenehi komentar “ Kenariku Sayang, Kenariku Malang”
Tujuane supoyo panjenengan isih iso nyawang fotone mantan Ingon-ingon panjenengan naliko panjenegan kangen, lan ugo mbok menowo ono sing gelem ngomentari :
Ich… lucu banget… yang sabar ea….,
yang tabah ea…….,
Tuhan pasti akan mengganti yang lebih baik…..
Kan lumayan pemirsa iso ngenteng-enteng bebanmu (whahaha….sumpih… ngetik karo kemekelen aku).
  1. Move on
Sepisan meneh ojo kedarung-darung anggonmu ngroso sedih, totonen batinmu lan yen wus rumongso siap ojo nunggu kesuen golek pacar  ingon-ingon anyar, aku yakin suwening suwe bareng karo mlakune wektu panjenengan iso ngeklasake mantan ingon-ingon kang wus mati.

Cukup semene pemirsa anggonku nulis, ing pangajap mugo-mugo informasi lan tips kang wus tak bagi kanggo panjenengan ono manfaate

Urip iku digawe koyo PRAMUKA wae

“DISINI SENANG, DISANA SENANG, DIMANA-MANA HATIKU SENANG”