Rabu, 29 April 2015

CELEB ON VACATION (TRIP TO PRIGI), Hasilo Foto
























Sabtu, 25 April 2015

PANAS SETAHUN TERHAPUS HUJAN SEHARI


Panas setahun terhapus hujan sehari, miturut kamus besar Bahasa Indonesia artine kebaikan yang banyak hilang karena kesalahan yang sedikit saja. Peribahasa utowo paribasan (Bahasa Jawa) mau aku wis krungu wiwit jaman aku isih imut-imut cilik yoiku naliko sekolah ono ing MI (Madrasah Ibtidaiyah). Gandeng aku biyen isih lugu (durung reti selfi) aku yo mung manut wae naliko difoto diterangke pak guru.

pemahaman mangkono mau terus kagowo nganti aku dewoso. Koyo-koyo wis didoktrin ISIS pak guru MI….., naliko aku sekolah SMP, Aliyah, kuliah nganti tekan saiki kerjo pemahaman mau ora owah soko pola pikirku, prasasat wus kapatri ono ing njeron dodo. Saben krungu paribasan (peribahasa) kuwi anggonku ngartekke yo podo karo olehe nerangke pak guru.

Nanging naliko ono acara “Pembiasaan Pasca Prakerin” SMK N 1 Bancak (biyen PKL) dumadakan pikiranku langsung malik 180 drajat. Critane ngene pemirsa, acara pembiasaan mau dianakake tujuane supoyo bocah-bocah kelas XI kang bali soko Prakerin biso adaptasi maneh karo sekolah sawuse 3 sasi ninggalake sekolah kanggo sinau ono ing dunia industri. Lha saksuwene ono ing indusri mau akeh-akehe bocah rumongso bebas soko aturan sekolah, mangkat prakerin nganggo sandal, ora nganggo wear pack, lan sing paling keno dijagakake rambute mesti podo gondrong lan kadang ono sing disemir.

Mulo supoyo tertib maneh dianakake pembiasaan, kang salah sawijine yoiku potong rambut masal. Kabeh dipotong kanti ukuran podo yoiku 1 mm.


Naliko aku motong salah sawijine siswa ono sing omong ngene pemirsa
Lhah…lhah..... pak entek rambutku……
Rugi ki leh ngingu telung sasi….
Panas setahun terhapus hujan sehari…

Aku banjur mikir (percoyo tow pemirsa yen aku saiki iso mikir) opo ora kuwalik, kan yen miturut aturan sekolah rambut dowo kuwi elek…padahal miturut arti paribasan nduwur kan kebaikan yang banyak hilang karna sedikit kejelekan…., opo peri bahasane sing kliru yo…? Yen menurutku sih iya ga’ tau kalo mas anang (efek nonton Indonesian Idol).

Yen menurutku sih tembung panas iku luwih pas yen dipadakake karo kaolonan, swasono kang ora nyenengake, hubungan kang ora rukun lan sapiturute, sewalike tetembungan udan kuwi menurutku luwih pas yen dipadakake karo kaapikan, swasono kang adem, nyenengake. Dadi yen menurutku “panas setahun terhapus hujansehari” iku artine “ketidakharmonisan utowo swasono kang ora nyenengake kang suwe iso ilang amergo keapikan kang sitik”

Contone, sajroning kekancan kadang ono luput (kesalahan) kang ndadekake kekancan mau suwe banget ora harmonis, ning mergo tembung MAAF akhire kekancan mau dadi harmonis maneh
Sepisan meneh iku menurutku, yen menurut mas anang mbuh….
Lha yen menurut njenengan piye pemirsa….?

Sabtu, 18 April 2015

SUSUKE PERMEN YO.......



Kasir : Pak kembaliannya  Rp. 300,- mau sekalian disumbangin…..?

Koncoku  : Ya ndak papa…….

Dasare koncoku ki wonge apikan, ojo meneh kok mung telung atus rupiah, seket ewu yen gawe ngamal tak kiro bakal diwenehake. Ora masalah nyumbange pemirsa, ning sing pingin tak bahas masalah “susuk” (kembalian) naliko blonjo.

Ndek dino Rabu tanggal 15 April 2015 sepisan meneh aku khilaf pemirsa, aku nate ngomong yen ora tau dolan, dino kuwi aku dolan menyang Solo, sepurane yo…..hehe…..,naging dolanku ono  alesane pemirsa, ora mung dolan seneng-seneng ananging tujuan utamane penarikan siswa PRAKERIN (Praktek Kerja Industri)

Wektu kuwi rombongan priyai 4 nitih mobil, amergo sing siji priyai Salatiga perjalanan soko Bancak mobil disi wong telu lha sing siji nitih motor  tekan terminal Tingkir Salatiga. Tekan terminal ndilalah disik mobile, kapekso wong telu nunggu, sinambi nunggu aku karo koncoku mlebu mini market tuku ngombe lan jajanan kanggo sangu perjalanan. Lha ning mini market mau obrolan mau kedadean:

Kasir : Pak kembaliannya  Rp. 300,- mau sekalian disumbangin…..?

Koncoku  : Ya ndak papa…….

Penyakitku langsung kambuh pemirsa (kepo stadium 4) Tuwuh pitakonan ono sajroning pikiranku “Disumbangke ning ngendi yo…? Ora wani sempat takon aku lan koncoku banjur metu lan tekan saiki isih kepikiran terus. Mbok menowo panjenengan sing nate ngalami, ono sing nate takon tulung aku diwenehi ngerti. 

Nanging aku dadi rodo su’udzon (su’udzon karo rodo su’udzon ki dosane podo  bree…haha…) wah iki modus anyar iki…!!!!!

Lha kok iso…? Lha emange ono modus lawas ……?

Panjenengan mbok menowo nate ngalami, blonjo susuk satus utowo rongatus ora diwenehi duit nanging diganti nganggo permen, nate opo ora pemirsa….? Piye perasaan panjenengan….? Biyasa wae…..?

Yen aku mangkel…..jengkel….., isih mending yen ono tembunge, kadang tanpo ba…bi…bu….langsung diwenehi permen. Kadang saking jengkele langsung tak emut kasire permene ………….. (jengkel opo doyan haha…..).

lha wong dodolan opo meneh sekelas mini market utowo super market mosok yo ora cepak susuk……

Opo yo ora mikir menowo sing tuku ora mesti seneng permen…., opo gelem tanggung jawab yen sing blonjo teko meneh untune dho gripis mergo kokean permen….

Opo yo ora mikir menowo susuke mau arep digawe tambah bayar parker……., opo yo ora mikir yen susuk receh mau arep dileboke ono ing celengan jago….., opo yo ora mikir yen duwit sejuta iku yen kurang satus jenenge yo ora sejuta…..(weh… kok dadi emosi aku hehe….)

Ora lucu tow mas….mba’…. yen ono nikahan mas kawine duwit (Rp. 999.900 + permen 1)

Mulane aku janjane pengin balas dendam pemirsa, aku pengin blonjo trus umpamane enteke Rp. 100.000 arep tak bayar Rp. 99.900 tak tambahi permen siji hehe….
dadi lelucon kang sering dinggo geguyonan kae ugo berubah, panjenengan mesti nate mireng geguyonan koyo iki
_  Klambimu apik temen, regone piro kwi…?
+  Rego 100 ewu
_  Larang temen….duit kabeh Kwi?
Biyasane jawabe kan….
+  Ora…campur godong….!!!
Lha saiki ganti….
+ Ora….campur permen….!!!
lucu upu ura pemirsa….?